Sesorah Pengetan Dinten Kartini / Pidato Bahsa Jawa Peringatan Hari Kartini
PENGETAN DINTEN KARTINI Assalamu’alaikum w.w, Bapak kepala sekolah ingkang dhahat kinurmatan, bapak ibu guru, lan karyawan ingkang kinurmatan, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani. Sumonggo kita ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Alloh SWT ingkang sampun paring kenikmatan saha kesarasan dhumateng kita sedaya saengga wonten ing titii wanci punika kula panjenengan sami saged makempal wonten papan punika kanthi wilujeng kalis nir sambekala. Keparenga kula aturaken agunging panuwun kagem sedoyo ingkang sampun kersa ngrawuhi pahargyan dinten Kartini punika. Para rawuh ingkang kinurmatan, wonten ing tanggal 21 April punika inggih tanggal lahiripun Raden Ajeng Kartini. Raden Ajeng Kartini punika salah sawijining kusuma bangsa ingkang memperjuangaken emansipasi wanita saengga kanthi wekdal punika para wanita saged nyambut damel sesarengan priyayi kakung. Pramila saben tanggal 21 April bangsa Indonesia mengeti minangka dinten Kartini. Pengetan punika ugi kangge atur panuwun d...
Komentar
Posting Komentar