Sesorah Pengetan Dinten Kartini / Pidato Bahsa Jawa Peringatan Hari Kartini


PENGETAN DINTEN KARTINI
Assalamu’alaikum w.w,
Bapak kepala sekolah ingkang dhahat kinurmatan, bapak ibu guru, lan karyawan ingkang kinurmatan, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Sumonggo kita ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Alloh SWT ingkang sampun paring kenikmatan saha kesarasan dhumateng kita sedaya saengga wonten ing titii wanci punika kula panjenengan sami saged makempal wonten papan punika kanthi wilujeng kalis nir sambekala. Keparenga kula aturaken agunging panuwun kagem sedoyo ingkang sampun kersa ngrawuhi pahargyan dinten Kartini punika.

Para rawuh ingkang kinurmatan, wonten ing tanggal 21 April punika inggih tanggal lahiripun Raden Ajeng Kartini. Raden Ajeng Kartini punika salah sawijining kusuma bangsa ingkang memperjuangaken emansipasi wanita saengga kanthi wekdal punika para wanita saged nyambut damel sesarengan priyayi kakung. Pramila saben tanggal 21 April bangsa Indonesia mengeti minangka dinten Kartini. 
Pengetan punika ugi kangge atur panuwun dhumatheng Raden Ajeng Kartini, awit saking perjuanganipun ngantos wekdhal punika para wanita saged nggadahi drajat ingkang sami kaliyan priyayi kakung. 
Dhumateng para mudha, sumangga sareng-sareng nyengkuyung mbangun negari ingkang adil, makmur, lan rukun.
Punika ingkang saged kula aturaken, kathah kalepatanipun atur saha kirang trapsila anggen kula matur, kula nyuwun agunging pangapunten.
Matur nuwun,
Wassalamu’alaikum w.w.




keyword : sesorah, pidato berbahasa jawa, pidato bahasa jawa, R.A Kartini, Kartini, Dinten Kartini, pengetan, hari kartini, hari pahlawan

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sesorah Mengeti Dinten Kamardikan / Pidato Bahasa Jawa Peringatan Hari Kemerdekaan 17 Agustus 2024

Cerpen Cinta "SEBATAS KAKAK DAN ADIK"